Selasa, 30 Oktober 2012

Mantan


Apa sih mantan?? MANTAN : MANdan kemuTAN.

Sing jenenge mantan, arep kepriwe bentuke, ora bisa di kelalekna. Apamaning nek duwe mantan sing ayu kaya si.. .

Mantan kuwe macem-macem, ana mantan pacar, mantan presiden, mantan majikan, mantan copet lan mantan lia-liane. Sing tek bahas mantan pacar bae lah ya. Sing liane tah mbuh. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Mantan kuwe bekas pacar. Maksude pacar sing wis dadi barang bekas. #eh
Mantan kuwe bekase nyong sing dadi jodohe wong lia.
Mantan kuwe jodohe wong lia sing ora sengaja tek jajal.

Jere biyungku, nek nyong duwe barang sing wis ora di nggo, lewih becik di sumbangnya maring wong sing ora mampu. Nah mulane kuwe mantanku siki wis tek sumbangna maring wong ora mampu (ora mampu duwe pacar). Itung-itung amal lah.. manut omongane biyungku. Durhaka mengko nek ora manut.

Mantan kuwe ana beberapa jenis :

  1. Mantan ora nguja. Mantan sing  pas lagi pacarane anu ora niat. Nemu neng ndalan, ujug2 tiba sekang langit, eh dadian deh.. Esih kemutan bae untung. Bareng putus wis babar blas ora di pikirna.
  2. Mantan tak terlupakan. Nah, kiye mantan sing bahaya. Bisa gawe galau wong se Indonesia Raya. Deleng bae kae pada curhat neng facebook/twitter ora bisa ngelalekna mantan. Pegaweane galau bae saben dina mikiri mantan. Mangan ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu, ngerti2 metu WC wis pindah negara saking suwe ngisinge.
Ben pada ora galau, tek wei tips ben bisa ngelalekna mantan :

  1. Nggolet pacar maning. Kiye cara sing paling ampuh nggo ngelalekna mantan, tapi ya cara sing paling angel di lakoni. Wis suwe putus, ora olih2 gantine. Suwe banget nganti lumuten. Kaya jenang jamuren.
  2. Ikhlas lan lakoni apa anane. Kiye mung ati sing bisa njawab. Jajal di celuk disit kae si Ati, njajal kon njawab.. *maksude ora kaya kuwe Plun!!*. Ya ya, maksude, ben ora kelingan mantan, dilakoni urip sing ikhlas. Sing uwis ya uwis. Aja mikiri masa lalu bae. Ibarate kaca spion kuwe cilik bentuke, nggo ndeleng mburi, esih ana kaca gede neng ngarep ben dewek maju nglakoni masa depan. *tumben bijak*
  3. Jedotna sirah meng tembok. Kiye salah sijine cara, nek cara liane wis ora manjur. Sapa ngerti sirahmu nek di jeblesna tembok dadi ilang ingatan. Aja sih mantan, jenenge dewek bae kelalen.
  4. Pacaran nganti kapok. Koe balikan maning karo mantanmu bae. Nek mantanmu wis duwe pacar ben bae ora urusan, nah kan koe dadi selingkuhan, ben ngrasakna sisan keprime rasane. Biasane nek wong dilarani nganti ping pindo bakalan kapok. Nek ora kapok berarti ya ndableg, cemplungna kali Serayu sisan. Nah, nek mantanmu ora gelem di ajak balikan, kuwe deritamu lah ya. Kawus. Rasakna. Nah, wis dilarani maning neng mantanmu, esih ora kapok? Tembak maning bae nganti di tolak ping sewidak rolas.
  5. Aja pacaran. Kiye jurus pamungkas ben bisa kelalen mantan. Carane kuwe aja pacaran. Nah, nek koe ora tau pacaran, ora bakal kelingan mantan. #pinterbangetnglewihiMarioTeguh.
Intine sih, mantan kuwe masa lalu. Ora bisa kelalen mantan kuwe masalah lu! Trus nyong kudu ngomong WOW kaya kuwe..??!! #orasudi


Wis akeh mbahas mantan, kayane sih nek di bahas terus ora bakal ana rampunge. 
Tapi masalahe, KOE DUWE MANTAN ORA PLUN???  NAAAHHH...!!!! (huruf gede)..

Aduh lah, ujug-ujug kebet ngising kiye nyong yah.. Wis disit lah ya semene bae, nyong arep ngising disit.. Asssalamualaikum..

Author : Daplun | @NgomongNgapak 

1 komentar:

Anindita Khrisna Murti mengatakan...

berasa denger mbah gw ngomong... kirain lo yg nulis sendiri... kocak... :p